"GOA JATIJAJAR"
Wektu jaman biyen ing Bogor wonten praja kang
ageng ratune jejuluk Prabu Siliwangi. Prabu Siliwangi duwe putra telu yaiku
Banyak Cotro, Banyak Ngampar lan Banyak Blabur.
Sak wijining wektu Prabu Siliwangi
nimbali kang putra Banyak Cotro. Sang Prabu sedya anglengseraken Panguwasane
marang Banyak Cotro. Banyak Cotro durung kersa awit rumaos dereng cekap
ngelmunipun uga durung krama. Dheweke duwe karep ngulandana njajah praja
milangkori.
Kanthi nyandhang lumrahe wong desa lan gantos jeneng Raden Kamdaka, Banyak
Cotro ngulandoro ngantos dumugi ing kadipaten Pasir Luhur. Piyambakipun
sinengkake minangka putra sang Patih Reksonoto.
Nalika wonten upacara anjara iwak ing
kali Logawa datan konyana-nyana Raden Komandaka ketemu karo Dewi Ciptoroso putra-putrinipun
pangunwaos pasir luhur Adipadi Kanandoho. Dasar Raden Komandoko bagus pasuryane
lan Dewi Ciptoroso putri kang sulistro ing warni sakarone padha nduweni rasa tresna. Nanging, Adipadi Kanandoho ora sarujuk
banjur ngutus marang prajurite supaya nyekel Raden Kamandoko. Kanthi
pitulunganipun Patih Reksonoto Raden Kamandoko bisa lolos saka pambujunge
prajurit Pasir Luhur. Deweke njegur ana ing kali. Prajurit Pasir Luhur ngira
yen Raden Kamandoko wis tumekeng pati. Sakwise mangerteni manowo Raden Kamandoko
wis mati Adipati Kanandoho bungah banget penggalihe, nanging Dewi Ciptoroso
tansah sanget nandhang sungkawa.
Sakwise nyegur ing kali Raden Kamandoko
keli nganti tekan ing Desa Panagih. Ing kono Raden Kamandoko diaku anak karo
mbok Rondo Rektosuro.
Mbok Rektosuro gadhah jago sing dijenengi “Mercu”. Raden Kamandoko seneng karo
“Mercu” Sabanjure Raden Kamandoko seneng aben sawung saben-saben diadu “Mercu”
tansah menang, mula Raden Kamandaka kondang kaloko nganti tekan ing Kadipaten
Pasir Luhur.
Pawartane Raden Kamandoko nganti
kepireng karo Adipati Kamandoho. Sang Adipati kabranang ing galih sareng uninga
bilih Raden Kamandoko taksih urip. Mula banjur utusan Silih Warni yaiku
nom-noman kang badhe magang prajurit Pasir Luhur. Dheweke bisa ditampa dadi
prajurit lamun bisa nyekel Raden Kamandoko.
Silih Warni sigra mangkat menyang Desa
Panagih dikantheni para prajurit Pasir Luhur. Silih Warni nantang Raden
Kamandoko adu jago. Naliko jago lagi tarung Silih Warni nubles bangkekane Raden
Kamandaka nganggo keris Kujang saka mburi. Saka kasektene, Raden Kamandoko bisa
mbrobos ilang saka Silih Warni mula panggonan iku banjur dijenengi Desa
Brobosan.
Raden Kamandoko terus mlayu ngetan
nganti tumeka panggonan kang buntu. Panggonan mau banjur dijenengi Buntu. Silih
Warni sak wadya balane terus ngoyak Raden Kamandoko. Raden Kamandoko terus
mlayu nganti tekan ing gua. Ing kono Kamandoko ngaso sawetoro. Ora suwe banjur
Silih Warni nututi tumeka ing gua iku.
Silih Warni nantang perang tanding karo
Raden Kamandoko. Raden Kamandoko banjur ngakoni “Sejatine dudu Kamandoko
nanging Banyak Cotro Putra Prabu Siliwangi ing Pajajaran. Aku lagi nyamar
dadi wonglumrah” kandhane Kamandoko.
Silih warni, “Apa bener ?”
Kamandoko, “Ya bener, aku Banyak Cotro”.
Silih Warni, ”Aduh Kakang kulo kang rayi, Banyak Ngampar,
Romo ngutus aku supaya nggoleki Kakang”.
Saklorone banjur rerangkulan.
Papan kang minangka ketemu dijenengi Gua Jatijajar amethik saka
tembung Pajajaran.
No comments:
Write komentar