Contoh Cerita Fabel Dalam Bahasa Jawa

 


Kancil lan Merak


Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira. “Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak. “Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh.

“Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.

“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”.

Nanging Kancil sajak wingi nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”.

Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.


Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”

“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki wis rong minggu!”

“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu

wis mlumpuk, malah
wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga
wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng kawawas
wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu

wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye to? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu. "Lho, wulu wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”  Kancil ora nggagas, malah gage pamitan.

Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati Cil, ” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku. “Tulung! Tulung! Tuluuung! Tuluuuung....!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa to Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil. “Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“ Gelem Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing

wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.

Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.



Kucing Sing Pinter Ngalembana


Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.

"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni  pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi.

Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening sosok kang pasuryane mranani ati (Undil - 2012).



Kancil Karo Monyet

Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Monyet.
"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.
Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"
Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihi
Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewe-dewe.



Kancil lan pitik sing rebutan endog
Suwiji dina Sang Kancil lagi mlaku-mlaku ning kidul Pasar Bantul. Dheweke weruh langit isih peteng, kamangka saiki wis jam sepuluh awan. Srengenge ora ketok, malah katon ana sejenis bledug sing medun saka langit. Omah lan wit-witan katon rupane dadi putih-ireng amarga katutup awuduniashinichi.blogspot.com

"Wah iki mesthi udan awu. Sajake ana gunung sing njebluk, terus awune jalan-jalan tekan kidul Pasar Bantul" pikirane Kancil wasiat
Kancil banjur mampir ning Bakso Bangjo sing warunge mapan ning sakidul Pasar Bantul. Dheweke wis sawetara suwe kakancan karo Mbak Dewi, koki sekaligus merangkap juragan sing nduwe Bakso Bangjo. Racikan baksone sing mantep marakke Kancil kepengin mampir pendak dolan ning Bantul. Rugi rasane adoh-adoh tekan Bantul ora ngrasakke gurihe Bakso Bangjo. Weruh Kancil mlebu ning warunge, enggal-enggal Mbak Dewi ngruruhi duniashinichi.blogspot.com

"Woooo kowe tho Kancil. Mrene-mrene mlebu ndene. Wiwit wingi ana udan awu amarga Gunung Kelud njeblug. Wis kowe leren kene ndisik, mengko tak wenehi masker ben ora watuk merga irungmu kelebon awu" duniashinichi.blogspot.com

"Gunung Kelud tho sing njeblug! Wah pantes awune akeh banget. Jeblukane Gunung Kelud pancen sok gedhi banget, ngantek awune tekan ngendi-ngendi" jawabe Kancil

"Kebetulan kowe mampir kene Kancil. Saiki aku lagi ana masalah. Ingon-ingonku Pitik Lehor karo Pitik Kalkun lagi kerengan amarga endoge kena awu Gunung Kelud, dadi ora iso dibedakke" celatune Mbak Dewi

Endog pitik lehor rupane putih lan gedhi, endog pitik kalkun uga gedhi, nanging rupane putih bintik-bintik ireng kaya endog gemak. Amarga kena awu, saiki endog kalorone  rupane dadi ireng, ora iso dibedakke. Padahal pitik loro kuwi lagi pada ngangremi endog, panggonane jejer, ning ngisor wit empring. Mungkin amarga wingi ana angin gedhe endoge pada glundung, nyampur dadi siji ora iso dibedakke.

Wiwit mau esuk pitik loro kuwi pada kerengan. Rebutan endog sing kudu diangremi. Kabeh kepengin ngangremi endog cacahe rolas. Padahal kudune masing-masing ngangremi endog enem. Nanging amarga ora gelem endoge diangremi pitik liyane, dadi rebutan ngangremi endog rolas. Ora ana sing gelem ngalah.

Krungu critane Mbak Dewi, Kancil banjur marani Pitik Kalkun karo Pitik Lehor sing lagi padu.

"Wis jan, kowe cah loro ki pancen ngisin-ngisinke bangsa pitik. Mosok saukur ngangremi endog we ndadak padu!" celatune Kancil

"Wweeee mbok aja nuduh kaya ngono Sang Kancil. Iki salahe Pitik Kalkun, mbiyen le ngendog kok cedak-cedak aku. Padahal isih akeh panggonan ning kebon. Ngendog ning ngisor wit kambil rakyo iso tho!" kandhane Pitik Lehor

"Wow! Pengawuran sekali kowe Pitik Lehor! Panggonan sing eyup tur anget ki ya mung ning ngisor wit empring. Menawa ning ngisor wit kambil aku iso benjut ketiban bluluk no!" bantahane Pitik Kalkun

"Wis-wis rasah pada kerengan. Saiki ngene wae. Aku tak takon marang kowe Pitik Kalkun lan Pitik Lehor. Sesuk menawa endoge wis netes, kowe cah loro pada iso mbedakke anak kalkun karo anak lehor ora? pitakone Kancil

"Yo iso no! Bentuke beda, cucuke beda, wulune ya rada beda. gampang dibedakke!" jawabe Pitik Lehor

'Gamping banget le mbedakke Sang Kancil. Rupane anakku beda karo anake Lehor" celatune Pitik Kalkun 

Kancil banjur neruske nasehate.

"Geneki ya gampang dibedakke. Mbok rasah pada kerengan. Saiki endoge dibagi loro. Mengko yen wis netes menawa ketukar garek diijolke!. Rakyo gampang tho? Rasah nganggo padu barang!"

"Bener kowe Sang Kancil. Apike ngono wae. Saiki endoge dibagi loro. Mengko yen wis netes garek diperiksa kleru apa ora!" celatune Pitik Kalkun

"Aku setuju. Wis nek ngono endoge dibagi loro wae. Aku angrem enem, Pitik Kalkun uga ngangremi endog cacahe enem" tambahe Pitik Lehor
Dina kuwi Pitik Kalkun lan Pitik Lehor leren anggone padu. Endoge dibagi loro. Sesuk menawa keliru bakal diijolke bar netes. Sakwise perkara remeh iki rampung, Sang Kancil enggal-enggal lingguh ning dapur karo pesen Bakso Malang komplet. Ora lali nganggo bakso urat telu sing dadi karemenane. Kriuk-kriuke pangsit uga wis dadi kelangenane pendak mara ning Bakso Bangjo. Dina iki karo Mbak Dewi dheweke ethuk mangan Bakso Bangjo sakkarepe, amarga wis iso ngakurke Pitik Lehor lan Pitik Kalkun (Undil-2014).


Kata Kunci Pencarian :
contoh cerkak bahasa jawa
cerkak bahasa jawa singkat
cerkak bahasa jawa lucu 
kumpulan dongeng bahasa jawa 
fabel bahasa jawa

No comments:
Write komentar