Kumpulan Contoh Cerkak Bahasa Jawa Lengkap

 

NGANTRI CUKUR


            Udan sedina med, ora ana mandhege. Akeh wong mlaku padha payungan, sing nunggang montor padha mantelan, ana sing ngoyos selak kepengin tekan. Tono, karo Nyong mlebu maring nggon tukang cukur sing mandan laris langganane Nyong, sing gone nang prapatan cepak umahe Nyong. Umah-umahan nggon cukuran ora patiya gedhe mung ana kaca pengilon kiwa tengen ngarep mburi. Nang kono wis akeh sing  pada ngantri, ana wong lima: bocahe cilik loro, tanggung loro, wong tua siji, sing agi dicukur siji. Ndilalah sing biasane tukang cukure ana sing ngrewangi, dina kuwe ora mangkat jarene agi mriyang.
           Nyong njagong ngenteni giliran karo ngringokna radio. Wah, sing  agi pada ngenteni giliran cukur wis pada ora sabar sebabe wis sore, wis arep wektu Ngasar. Sing jenenge ngenteni rasane suwe banget, semenit kaya sejam, suwe benget. Sing biasane paling nyebele ya ngenteni wong  cukur model-model, sing digawe sasak, sing kucir, sing model njegrik nang ndhuwur kaya arep nantang langit, karo sing model artis-artis Korea. Apa maning sing cukure ndadak karo disemir.
            Siji-siji sing dicukur model biasa ora nganti limang menit sepuluh menitan rampung. Saiki, sing  dicukur gilirane wong tua sing karo disemir. Rambute pancen wis keton dawa, semirane wis ora genah, separo rambute wis putih. “Aja kelalen semire sing maen, sing mandan larang ya kena, ora apa-apa”, ujare wong tua kuwe. Tek rasa tambah suwe maning inyong gole ngenteni, semiran sing maen genah lewih suwe gole ngolesna lan lewih ngati-ati. Nyong sing jenengane ngenteni apa baen sing mandan suwe mandane ora sabar. Nyong terus bali deset meng umah.
           Ora nganti rong puluh menit Nyong wis mbalik maning. Nang kono wong tua kuwe esih dicukur. Rampung nyukur tukang cukure ora langsung mrentah Nyong kon njagong nang kursi cukur, malah pamit kebelet maring mburi karo agep perlu Ngasaran. Ora nganti kesuwen tukang cukure wis mbalik maning nang kono karo Nyong. Sing kudune wektu kuwe esih padhang, mendhunge kandhel marahi peteng ndhedhet kaya wis liwat wektu Maghrib. Bareng karo bledheg ngampar-ngampar dibarengi udan deres Nyong dikon njagong nang kursi cukur. Slimut cukur digubedna maring awake Nyong. Cukur nembe sedela ana bledheg seru banget kaya nyamber umah cukuran kuwe. listrike mati. Tukang cukure langsung ngempakna lilin. Ngasi lilin sing diempakna arep enteng sepertelon, listrike ora mempan-mempan.
            Nyong ora wani ngomong apa-apa. Udan sing gede kaya agi nutupi kabeh pikiran. Sirahe Nyong tak elus-elus karo tak deleng nang kaca hurung separo sing decukur. Cukurane nyong mesti kudu rampung, mbuh kepribe carane. Tukang cukure wis ngomong peralatane dina kuwe agi ora lengkap, aki batere lan batu batere nggo nguripna mesin cukur ora digawa keri nang umah. Lampu senter cas-casan ya ora digawa. Nyong ora bakalan ngomong “kepribe jane” maring tukang cukure. Tukang cukure keton krasa salah. Tukang cukure njikot hp-ne nang meja, nelpon wong nang umah dikon nggawakna alat-alat sing dikarepna.
            Wektune wis maghrib. Listrik durung mempan-mempan. Udane wis mandan cilik. Sing ditelpon maring tukang cukure hurung teka-teka. Nyong esih njagong nang kursi cukur esih digubed slimut cukur. Sidane Nyong dicukur karo gunting alon-alon diobori karo lampu senter sing nembe teka.

Gusti Maha Welas

Wektune wis kira-kira jam wolu esuk. Anggota perangkat desa ing Desa Sumbermulya wis padha teka, apa maneh dina iku bakal ana rapat ruwat bumi sing bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi iku dianakake pendak telung tahun sepisan. Warga kirap mubeng desa ngarak wulu wetuning desa kono kanthi dientha-entha gunungan. Bubar iku sing uwis, njur diterusake tontonan, sing paragane ya warga kono wae, kanthi mentaske budaya seni sing wis padha disiapake. Mengko minangka panutup wayangan sewengi natas ing bale desa.
Pak lurah gumun, dene Pak Wiro sing tukang reresik bale, nata meja kursi sing arep kanggo rapat kok malah ora mlebu. Gek ana apa? Mangka adat saben, Pak Wiro tukang kebon kuwi teka mesthi gasik, gaweyan sing dadi jejibahane ditandangi sak-sek, sedhela wae wis rampung njur ganti nandangi gaweyan liyane. Mula bareng perangkat desa wis pepak, lan rapat arep diwiwiti, pak lurah medal neng pawon nggoleki bu lurah njur ngendika :
?Bu, nek pawon wis akeh sing rewang nandangi kanggo nyunggata sing rapat, mbok kana neng omahe Pak Wiro ditiliki, geneya kok ora teka nyambut gawe?? Bu lurah sumaguh, lan terus tindak neng nggone Pak Wiro.
Tekan kana omahe tinemu tutupan suwung. Gek dha menyang ngendi? Anake Pak Wiro mono lanang wadon, Diran lan Marti. Diran wis ana STM klas II Mesin, dene Marti lagi klas III SMP wis arep ujian. Bocah loro kuwi padha maju sekolahe, ora tau nunggak. Mulih sekolah ya dha ngerti ngrewangi gaweyan wong tuwa. Yen libur Diran kerep nggenteni bapakne, gaweyan reresik kebon lan nata bale sawise bubar kantor. Ora mokal yen pak lurah sakulawarga remen karo anak-anake Pak Wiro sing padha sregep lan nurut kuwi.
Bu lurah pirsa omahe Pak Wiro tutupan, njur tindak neng omah wetane nggone Mbokdhe Kromo, sing kebeneran wonge lagi reresik sumur. Nuli ngendikane :
?Mbok Kromo!, griyane Pak Wiro niku kok tutupan, tiyange sami teng pundi ?? Mbok Kromo ndengengek karo nyedhak mangsuli :
?O? Bu Lurah, anu Bu, Pak Wiro niku ngeterke Mbok Wiro teng Puskesmas, empun tigang dinten sambat mumet, malah wingi nggih empun kulo keroki. Criyose Pak Wiro, wau dalu mboten saget tilem gek badane criyose benter sanget. Mila wau mruput diboncengke sepeda dibekta teng Puskesmas.? Bu lurah manthuk-manthuk karo ngendika :
?O…. ngoten ta Mbok Kromo, nuwun nggih disukani sumerep, mangkeh kula aturne Pak Lurah?.
Bubar ngendika ngono bu lurah banjur kondur. Esuke Pak Wiro wis nyambut gawe kaya adate, dene pak lurah sawise dilapuri garwane, ya ora ndangu apa-apa karo Pak Wiro. Ning sorene pak lurah sekalihan merlokke tilik neng omahe Pak Wiro, ngaruhke bojone sing jare lara.
Tenan, tekan ngomahe Pak Wiro kabeh ngumpul nunggoni sing lara. Pak lurah sekalihan uga banjur mlebu neng senthong peturone Mbok Wiro. Nalika wis tekan ngarep lawang, ndadak keprungu lagi padha sembahyang Pak Wiro sing mbawa. Pak lurah kandheg ora sida mlebu supaya ora ngganggu.
Panjenengane pirsa, yen Pak Wiro sabrayat wong sing tumemen ngibadahe, sregep neng nggreja, uripe neng masyarakat apik, lan tinresnan ing tangga teparo, tansah pinter momong sok sopoa, lan ora tau gawe rugi lan serik ing liyan. Bareng wis sepi tandha rampung anggone padha sembahyang, pak lurah sekalihan banjur alon-alon mlebu nuli ngendikane :
?Piye Mbok Wiro, laramu??
?O Pak… Bu…. Lurah, matur nuwun dipun rawuhi, sakit kul…. kula sam….. sampun kath…… kathah sud……. sudanipun…….? Wangsulane pedhot-pedhot, Pak Wiro sambung atur :
?Ngendikanipun Dokter, Pak Lurah, semah kula punika namung kekathahen mikir.?
?O….. mikir apa ta Mbok Wiro?? pandhangune pak lurah alon-alon.
?Anu Pak Lurah…. dhenok Marti punika wingi criyos, yen piyambakipun mboten kepareng ndherek ujian dhening guru klasipun, awit…. awit…..? Mbok Wiro ora bisa nerusake matur, ning njur brebel……. mripate kekembeng luh. Semono ugo Marti sing nyanthuk nunggoni njur melu prembik-prembik nrocos mripate. Pak lurah lan garwane saya kepingin banget ngerti sebabe. Nuli ngendikane bu lurah :
?Yu Wiro…! wis ta blaka wae neng Pak Lurah lan aku, supaya atimu entheng lan laramu gelis mari.? Pangatake bu lurah. Mbok Wiro mung srikutan tangane ngulapi luhe, panyawange diuncalake marang Marti anake sing ana ing sisihe. Bu Lurah tanggap, yen Mbok Wiro ewuh anggone arep matur, mula pak lurah sekalihan banjur ngajak metu Marti neng ngomah ngarep. Bareng Marti wis didhawuhi lungguh ing lincak, pak lan bu lurah njejeri Marti neng kiwa tengene karo ndangu :
?Sejatine Mbokmu kuwi mikir apa ta Ti, kowe kondhoa blaka, mengko yen bisa aku lan Bu Lurah mesthi bakal ngrewangi ngentheng-enthengke.? Marti isih meneng wae ketok yen wedi. Ning gandheng karo bu lurah didhedhes terus, mula karo nangis ature :
?Pak Lurah… Bu Lurah….., Simbok sisah margi kula mboten angsal ndherek ujian awit dereng mbayar arta SPP kawan wulan, lan arta ujian ingkang kathahipun sedaya wonten kawan atus pitung ndasa ewu rupiyah.? Ature Marti karo kesesegen.
?Wis…… wis….. wis…. Marti, yen kuwi sing nyebabke Mbokmu lara, kowe sesuk tak cukupi, mlebua sekolah ngaturke dhuwit kuwi neng gurumu.?
?Ning Pak…….. Bu Lurah….. criyosipun Simbok, sampun kathah sambutanipun Simbok dhateng Bu lurah, ingkang sepriki dereng saget ngunduraken. Mila Simbok ajrih matur, sajakipun Simbok kejudhegan. Kula ngertos Pak… Bu…., menawi dalu Simbok mboten saget tilem, tansah klisikan. Lan wusananipun lajeng sakit punika.?
?Wis…. wis….. Bune, ayo saiki awake dhewe nyedhak Mbok Wiro karo Marti pisan, mengko tak kandha.? Ngendikane pak lurah karo nggandheng sing putri lan Marti bali mlebu neng peturone Mbok Wiro. Pak lurah karo garwane nyedhak njur ngendika karo Mbok Wiro ngene :
?Mbok Wiro, sampeyan ora sah susah, sesuk esuk Marti ben mlebu sekolah karo nyaoske dhuwit SPP sing patang sasi kuwi karo dhuwit ujian, supaya mbesuk bisa ujian. Kuwi dudu dhuwit utangan sing sampeyan kudu nyaur, ning tak paringke Marti supaya bisa melu ujian.? Rampung ngendikane pak lurah bu lurah sambung :
?Yu Wiro, utangmu neng aku sing mung mbaka sithik kanggo tambal butuh kuwi, ora usah mbok saur. Aku rila lahir batin. Saiki pikiran sampeyan digawa ayem ben enggal waras. Perlune yen ana kerepotanku, sampeyan, Kang Wiro, lan bocah-bocah bisa bareng-bareng ngrewangi.? Bubar ngendika ngono, pak lurah sekalihan nyalami Mbok Wiro, Pak Wiro lan Marti banjur pamit kondur. Pak Wiro lan Marti nguntapke tekan latar. Nalika bali mlebu, Mbok Wiro wis bisa lungguh, weruh anake mlebu, tangane diathungake Marti, dene Marti ya njur nubruk mbokne.
Kekarone rangkulan keket karo tetangisan disekseni Pak Wiro sing lungguh dheleg-dheleg neng waton amben. Tangis kabungahan sing tanpa upama.
Sawise padha adheng tangise, Mbok Wiro isih karo ngrangkul Marti kandha:
?Nok Marti lan kowe Bapakmu, tikel-tikelna olehmu caos atur panuwun marang Gusti, syukur ing kabeh peparinge, lan uga dene Gusti tansah midhangetke panyuwunanku, anggonku tansah dhedheku, ing ngarsa dalem.? Karo isih nggondhok-ondhok wangsulane Pak Wiro :
?Iya mbokne, mula dadi wong mono aja sumelangan, janji eling tansah ndedonga nyuwun lan mbudidaya, Gusti tansah bakal paring pitulungan.? Marti sambung :
?Iya ya Pak… Mbok….., Gusti olehe peparing lumantar Pak…. lan Bu Lurah.? Pak Wiro ngedhongi kandhane anake :
?Iya nok, Gusti kuwi pancen Maha Welas lan Asih.? Bubar iku wong telu sembahyang mirunggan bebarengan.

Balapan
            Ing jaman saiki akeh bocah cilik ingkang pada iso nunggang motor. Salah sijine Aji ingkang ngumur sewelas tahun  utawa kelas lima SD. Amerga wis ngrasaake kepenake nunggang motor, dadi kebiasane Aji yen dolan-dolan nganggo motor. Menawa miturut Negara sing oleh numpak montor iku tiyang kang uwis anduweni SIM utawa Surat Ijin Mengemudi.
            Ing wayah sore, Fatih kancane aji moro ing ngomahe.
            “Ji, aji…aji….” Fatih bengak-bengok ing ngarep omahe Aji.
            “ Woi…..dilit” suarane Aji saka njero ngomah.
            Let sadela suara pating gedebuk kaya ana lindu dirasake Fatih .
            “Wah…. Iki apa sek tak goleki,lagi ngopo Ji kok suwe banget?” pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae mlayu marani Fatih.
            “He..he..he..he lagi wae madang, alhamdullilah wareg!!”
            “Wuuuuu…..awak wae sing digedeke, pikiran ya digedeke !”calethune Fatih.
            “ Kadingaren dolan sore-sore, ana apa?” pitakone Aji.
            “Ayo Ji mubeng-mubeng nganggo motor. engko balapan wis, gelem ra?”jawabe Fatih karo cengar-cengir.
            “Ayo!!! paling sampeyan yo kalah mas bro.”
            “Weh aja ngremehke,ngeneki aku wis tau juara balap karung jhe.”
            “Apa hubungane ro ciduk???”
            “Ha…ha..ha… dingo adus.” Jawabe fati karo nguyu cekikikan.
            Sak banjure Aji mlebu ing garasi ngetoake motore. Treng…treng…teng….teng…teng…suarang motor jet collede Aji lan Fatih kaya wajan kang ditutuki marang ibune aji Pas lagi duka.
            “Siap rung tih?”pitakone Aji kang wos siap arep balapan.
            “ Siap ndan.” Wangsulane Fatih
            “Siji…loro…telu…”
            Treng …..treng….teng….teng…..aji lan fatih pada banter-banteran numpak montorr mubeng ndesa. Wong loro kuwi pada selip-selipan kaya balapan motor antarane Valentino Rossy lan lorenzzo.
            Ana ing pertelon aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ing lawan arah ana bakul some. Aji kaget banget,dheweke bingung lan gugup.
            “Lik….lik….lik…awas”
            Grubyuk,klonteng , tlepok-tlepok-tlepok. Some kang ana ing kwali pada menculat ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara,dadi pucet kaya mayet kanga arep dikubur.
            “kepriye tha le…? Nek numpak motor aja banter-banter. Daganganku temumplak kabeh , piye nek ngeneki?”pituture bakul some.
            “ Kula nyuwum pangapunten pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji kang kaweden.
            “Saiki daganganku uwis ora payu,amerga someku tak tumplakke. Kowe kudu ngijoli duit seket ewu”
            “Injih pak, kula tetep tanggung jawab. Kula tak mantuk rumiyin mendet arta.”
            Ahire Aji lan Fatih tarikan selawe ewu-selawe ewu kanggo ngijoli tukang some kang uwis ditabrak sewau. Sakwise kajadian kasebut Aji lan Fatih uwis ora wani nupak motor banter-banter.

Liburan Menyang Bali

Hey kanca kabeh iki aku arep sinau bahasa jawa dalam cerita liburan menyang balibabagan wektu liburanku neng Bali. wektu kuwi kira-kira aku umur 8-9 taun (emm.. suwe pisan ). Kaya apa perjalanan kui ayo pada kita simak ngisor kene.

Liburan kui dianyak wektu kabeh guru-guru saka SD ngrencanake mlaku-mlaku menyang bali, lan kabeneran bapak ku yaiku salah siji guru neng kana, dadi aku bisa melu bareng dekne kabeh, aku, adhi lanangku, lan bapak ku (ibu ku ora melu amarga dheweke kudu tandhang gawe ) mangkat menyang Bali bareng guru-guru lan keluargane tepat gebug 08.00 saka jakarta, nggunakne bus sing disewa kanggo ngeterke nganti Bali dalan kuwi keliwatan nggunakne rute/jalur darat, turene sih ben luwih menikmati pemandangan alam.


Dalan ditempuh liwat jalur Pantura menyang arah Unggaran nuli ngliwati Ketapang banjur Gilimanuk, Bali (iki sih manut cerito bapak ku, soale ta wayah kuwi aku isih cilik dadi ora besitu ngerti dalan, hehew). Wektu neng pelabuhan kanggo nyebrang kita munggahi kapal Feri, neng kana kabeh mudhun saka bus lan mileh munggah mendhuwur kapal kanggo ndeleng pemandangan segara.
Wektu kapal pirang-pirang atraksi sing dinyangna, saka anak-anak sing terjun kesegara kanggo njupuk dhuwit koin sing dilempar saka penumpang kapal, nganti para pangadol-pangadol panganan utawa aksesoris sing nawakne dagangan dekne kabeh.
Kapal banjur mangkat, neng tengah dalan aku, adhi, bapakku, lan guru lanang kanca bapak dak ana ing pinggir pagar pamates kapal, dikana kami ndeleng iwak lan ubur-ubur sing becik banget, amarga wektu kuwi aku lan adhi dak isih cilik banget, dadi kami seneng banget lan mengagumi banget pemandangan kesebut.

Bahasa jawa dalam cerita liburan menyang bali tak terusake ya. Nganti saking gumune, sandhale adhiku tiba menyang segara ucul, amarga posisi kami lingguh neng pagar pamates karo sikil neng njaba pagar dadi sandhal kuwi bisa kejegur neng segara (heheheh). Banjur aku kabeh gumuyu lan adhiku sing polos kuwi mung bisa kandha “pak sendal dedek tibo pak” hehehe..(polose adhiku iki).
Numpak kapal feri sekitar 1-2 jam yen ora salah, nuli kami nganti neng pelabuhan Gilimanuk-Bali, kami teras munggahi bus lan mudhun saka kapal menuju hotel kanggo nginep, sadurunge kami mampir menyang pasar cedhak pelabuhan sing nawakne macem-macem macam pernak-pernik khas Bali. Neng Bali kami nginep sajrone seminggu, dikana Kami bareng rombongan mengunjungi pirang-pirang panggon sing becik lan mengesankan banget. Siji ukara saka aku sing menggungkapkan kebecikan Bali wektu kuwi “panggon sing nduweni sayuta pesona kanthi pantai sing becik”

Pribadi Masuk Sekolah SMA
sawise aku dadi Siswa SMA Muhammadiyah 3. Tulisan iki sengajo tak tulis kanggo tugas sekaligus kanggo contoh pada kanca kabeh babagan pelajaran bahasa jawa. Sakwise SMP mesti banjur SMA, lulus saka SMP nggawe aku kudu nggolek sekolah kanggo mbanjurke pamulangan menyang jenjang sing luwih dhuwur yaiku SMA. Pada kaya dhisik pas aku pengen nggoleki SMP, aku ora mikirke menyang sekolah endi aku arep mendaftar aku mung nggawe siji keputusan, yaiku sekolah neng SMP Abu Bakar, padahal yen didelok saka Biji ku, aku bisa mlebu SMP negeri, ning neng ati aku wayah kuwi aku mung pengen sekolah neng Abu Bakar, akhire aku mlebu SMP Abu Bakar. Semunu uga karo masa SMA iki, aku pengen sekolah neng sekolah olahraga SMA negeri 8, nanging iki ceritone liya, Biji ku ora cukup kanggo mlebu mrono.
Aku pun bingung pengen sekolah ngendi, kakang ku sing alumni SMA negeri 5 ngongkon aku kanggo mlebu menyang SMA 5 mergo bijiku cukup kanggo mlebu SMA 8. Nanging, kanggo pisan aku mikir SMA 5 yaiku sekolah sing cukup adoh saka omah ku, aku ugo nolak kanggo sekolah nengkana, pas aku bingung wong tuwa ku banjur ngongkon aku kanggo ndaftar neng SMA muhammadiyah 3 Salaman kongkonan sing cukup ngagetake aku tentune, merga manut informasi sing tak ngerteni, kelas 1 SMA muhammadiyah mlebu awan mergo gedung SMA sing manggon neng jl.Magelang ora amot kanggo kabeh siswa kelas 1 SMA muhammadiyah kui.
Tentune abot banget mlebu sekolah jam setengah siji (1) lan mulih jam setengah enem (6), mergo ora kaya sekola-sekolah liya sing mlebu isuk. Aku sempat mikir meneh, mergo aku pengen banget mlebu SMA 8. Wong tuwa ku ugo menehake solusi yaiku, sekolah sik neng muhammadiyah setaun, sakwise kuwi alih menyang SMA 8, aku nuli ndaftar neng SMA muhammadiyah, mergo manut informasi pendaftarane wis arep ditutup, alhamdulilah aku mbisa dadi siswa SMA muhammadiyah 3 Salaman.

Sakwise resmi dadi siswa SMA, banjur diadhepake karo kegiatan sing jenenge mos utawa (masa orientasi siswa). Kegiatan iki cukup apik lan nggeret gawe aku mergo awake dhewe arep ngenal kakang-kakang kelas neng organisasi-organisasi neng SMA lan awake dhewe ugo mbisa "piwulang urip" sing tentune bakal awake dhewe alami neng masa SMA sing beda karo masa SMP ndisik. Sasuwene meloni kegiatan kuwi aku serius banget lan meloni dawuh sing dikongkonke saka kakang-kakang kelas, kakang kelas sing tak kira galak-galak rupane njaba blinuwih becike.
Didina paling akhir, kabeh dikongkon mileh ekstra kulikuler sing disediake saka sekolahan, akeh banget kegiatan ekstra sekolah sing dicawiske neng SMA muhammadiyah 3 iki, kabeh wajib mileh siji lan oleh kuweh,tapi sanajan akehe ekstra kuwi ora bisa ngefek aku sing terus tertuju marang kegiatan basket.

NJALUK  TULUNG
WARSIH esuk iku dhewekan ing omah. Pak Dirdjo karo garwane wiwit wingi tindak  Semarang kondangan adine mantu putrane putri. Dene mas Didiet putrane mbarep bu Dirjo mangkat kuliah esuk-esuk mau.
Warsih nderek keluargane pak Dirdjo wis rong taun iki. Dheweke kepeksa ninggalake kutha Wonosari asline, nyambutgawe ing Yogya, abot-abote kepengin nyekolahake anake wadon siji ben bisa nutugake sekolah sawise tamat SMP mengko. Ora kaya Warsih dhewe sekolahe mung tekan kelas 1 SMP medhot. Tansah keprungu pesene bojone sadurunge tinggal donya, nggadang-nggadang anake wadon sabisa-bisane sekolah saora-orane lulus SMU.
Durung jam sewelas awan, kabeh gawean ngomah kuwajibane Warsih wis rampungan. Mumpung lagi dadi “panguwasa tunggal” ing omah loji gedhe iki, dina iku bisa tumindak apa wae. Nyoba nyetel TV ing ruwang tengah, lagi sedhela bosen. Pindah ing teras ngarep nggejojor ing kursi males.  Meja cilik ing sisihe ana segelas wedang kopi panas lan sepiring pacitan. Karo ngrungokake radio cilik siaran Radio Retjo Buntung, mripate melek merem lan lambene comuk-camuk. Ah, pancen laras temenan. Rasane kaya “nyonya boss besar” wae. Mula pancen enak dadi wong sugih!
“Kula nuwun. Sugeng siyang, bu!!”
Warsih  kaget, njenggelek. Ngereti-ngerti ana pawongan wanita setengah umur nyedhaki dheweke.
“Kula kepareng matur, bu. Kula bade nyuwun tulung…..” ujare wanita mau sawise dilungguhake Warsih ing kursi teras cedak kursi males. Nitik nyandhang penganggone wanita sepantaran bu Dirjo mau ngatonake wong kecingkrangan. Raine pucet kumel ngemu wewayangan urip kebak susah.
“Kersa penjenengan punapa?” pitakone Warsih karo namatake tas plastik sing dicangking tamune.
“Kula badhe nyade kain batik punika, bu……..” ature wanita mau karo ngetokake barang saka tas sing digawa.
“Wah, sapunika bapak ibu nembe tindak. Kula piyambakan wonten griya,” wangsulane Warsih. Dheweke ngira wong wadon iku sawijining sales sing mlebu metu saben omah nawakake dagangan.
“Kula betah kaliyan ibu kemawon,” sumaure tamune karo nginguk dalan ngarep omah. Warsih mbedek tamune iki ngira yen dheweke sing nduwe omah gedhe iku.
“Punika dipun sade pinten?” pitakone Warsih sawise kain bathik dibukak-bukak kanggo pantes-pantes. Kain bathik cap-capan kasar dawane paling karotengah meter.
“Seket ewu, bu. Kain punika taksih enggal!”
“Mosok kain kasar ngene regane seket ewu. Kala wingi kula tumbas langkung alus mung selawe ewu.”
“Menawi mboten kepepet kain punika mboten kula sade. Lare kula sakit. Kula warandha katilar pejah. Kula betah arta seket ewu rupiah kangge nebus resep obat anak kula,”  ujare wanita mau karo bola-bali nginguk dalan ngarep omah. Warsih nggregel. Nasibe tamune iku kaya aku wae, batine. Kepeksa golek pangupa jiwa dhewe merga ditinggal sing lanang mati.
“Nek seket ewu kok kawisen,” panganyange Warsih.
“Betah kula ngge tumbas regine obat seket ewu. Menawi ibu saged mbiyantu kula…..” sumaure tamune karo tolah-toleh mengarep maneh. Lungguhe ketok ora jenjem.
“Kenging punapa kok sajak bingung. Wonten ingkang ditengga, bu?”
“Mboten….Punika, lho ……. Tim……. Tim…”
“Tim punapa?”
“Ah, mboten, kok….…..” wangsulane tamune lirih sajak keweden.
Krungu tembung “tim”  Warsih banjur kelingan angger ana siaran acara MINTA TOLONG ing TV RCTI  dheweke karo bu Dirjo mesthi nonton. Warsih kaget ing dhadhane tuwuh pangarep-arep.
“Dos pundi kersa mundhut kain kula, bu?” ujare tamune ndheseg.
“Sekedhap, bu……” ujare Warsih. Dheweke menyat ninggalake tamune. Warsih metu tekan lawang pager noleh  ngiwa nengen. Banjur nyedhaki tamune maneh sing isih lungguh ing teras.
“Nggih mboten ketingal. Nembe ngetingal sak jam utawi kalih jam mangke……  Menawi penjenengan kersa mundhut kain nika, sapunika reginipun ……kalih atus ewu!”
“Lho piye, ta? Durung-durung kok wis mundak tikel papat.”
“Nggih sampun nek penjenengan mboten kersa. Kalih yuta mawon penjenengan taksih bathi kathah,” gemremenge tamune karo ringkes-ringkes barange. Warsih niteni ing acara tv MINTA TOLONG  sawise nuku barang sing didol, let sedhela banjur ana wong sing  nyedhaki menehi dhuwit akeh minangka piwalese wong sing wis gelem tetulung. “Rejeki”, mengkono ujare wong mau sing ora liya salah sijine “tim”.
“Nggih kula purun. Dirantos, kula tak mendhet arta rumiyin,”  kandhane Warsih karo mlebu ngomah. Dhuwit blanjane sewulan sing telung dina kepungkur diparingi bu Dirjo di jupuk separo banjur diwenehake tamune mau.
“Matur nuwun, bu. Penjenengan nengga kemawon wonten ngajengan. Mangke nek tim dateng  rak lajeng kepanggih. Nggih punika rejekine tiyang sing remen tetulung kados ibu punika, “ memgkono ujare tamu wadon mau karo pamitan.
Warsih mung manthuk-manthuk mesem seneng. Kain bathik sing bar dituku rongatus ewu rupiah mau wis ora   digantekake maneh, barang ora mbejaji. Dhuwur-dhuwure pengaji rongpuluh ewu wis apik!
Warsih lungguh ing kursi teras. Ing atine thukul pengangen-angen. Mengko nek entuk dhuwit “rejeki” akeh kaya ing tv kae dhuwit eketan ewon sabengket, apese limang yuta rupiah! Wah, bisa enggal-enggal nukokake speda Palupi anake wadon, uga jam tangan sing didama-dama wiwit palupi isih kelas-6 SD. Utange karo lik Sadiyem limang atus ewu bisa dilunasi. Bisa tuku ali-ali emas limang gram nggo ijole ali-aline sing wis diedol ndek bojone mlebu panti-usada marga kacilakan. Bisa tuku busana Muslim sing nganggo renda-renda endah……… Wah, isih akeh maneh rancangan nanjakake dhuwit limang yuta mau. Kanthi gegambaran kabeh mau ndadekake raine Warsih bingar, lambene tansah mesem seneng.
Durung nganti sejam sawise kuwi, Didiet bali saka kuliah. Warsih uga mlebu njero ngomah. Ngladekake dhahar awan cepet-cepet metu lungguh ing kursi teras. Terus menyat nyedhak lawang pager noleh ngiwa nengen nyawang dalan gedhe, ora ana wong mlaku. Bali maneh lungguh kursi ing teras. Bubar mangan Didiet metu ing teras ngaruh-aruhi Warsih.
“Ana apa kok sajak kesusu-susu, mbak? Ana sing dienteni?”
”Mboten kok, mas Didiet…….”
“Ketoke pikirane mbak Warsih kok ora jenjem. Omonga mbok menawa butuh pitulunganku.”
Karo mas Didiet Warsih rumangsa wis cedhak, kaya patrape mbakyu-adi. Mula dheweke waleh nyritakake kabeh kedadeyan mau.
“Ketoke kowe kapusan, mbak.” ujare Didiet karo nyawang Warsih sing isih ngetokake rai sumringah bungah.
“Jam pira kedadeyane, mbak?” pitakone Didiet kiaro isih ngremet-ngremet kain bathik kasar mau.
“Kalih jaman, mas” wangsulane Warsih wiwit bingung.
“Aku tak metu ndisik.  Mau baline tamu ngalor apa ngidul?”
Didiet ngetokake speda motore mlaku mengalor kaya sing dikandhake Warsih. Setengah jam Didiet wis bali, melas nyawang Warsih sing isih lungguh dheleg-dheleg ing kursi teras.
“Bu Harto RT sebelah ya kapusan mbak. Wingenane tanggane kancaku ya diapusi model kaya iku,”  critane Didiet. Warsih sanalika lemes dedes. Dhuwit rong atus ewu, separo bayare sewulan ilang muspra.
Sorene pak lan bu Dirjo kondur, Didiet wadul karo bapake.
“Jaman saiki akeh wong apus-apus. Awake dhewe kudu ngati-ati,” ngendikane pak Dirjo sabubare dhahar bengi. Warsih sing dikandhani mung tumungkul, mripate mbrebes mili. “Wong niyate tetulung rak tanpa pamrih. Lha kowe tetulung kagawa kepengin entuk rejeki limang yuta. Tontonan ing tv kae bisa pancen gambaran lelakon wong tetulung tanpa pamrih, nanging ya bisa wae diatur kaya sinetron, mung kanggo hiburan pamirsa. Saiki pancen akeh wong julig. Mumpung akeh wong seneng nonton acara tv, melu-melu ethok-ethok dadi paraga “minta tolong”
“Ya suk mben maneh sing luwih ngati-ati. Dhuwitmu sing kapusan mau mengko ben diijoli ibu……..”
“Kain kaya ngene iki sepuluh ewu wae ora payu,” ujare bu Dirjo njereng-njereng kain batik pengaji rong atus ewu mau karo ngguyu cekikan.
“Matur sembah nuwun bapak-ibu…….” ature Warsih karo nangis sesenggukan.
oo0oo
(Berikut adalah cerpen dalam bahasa Indonesia sebagai terjemahan cerkak “Njaluk Tulung” dalam bahasa Jawa.
Dimaksudkan sebagai bantuan untuk blogger yang pencinta sastera tetapi perbendaharaan bahasa Jawanya masih kurang. Dengan demikian blogger pencinta sastera Jawa lebih mudah menikmati indahnya sastera Jawa. Selanjutnya kami butuhkan komentar dan saran para pengunjung terkait dengan upaya pengembangan sastera Jawa maupun sastera Indonesia. Terima kasih dan Selamat Membaca):
MINTA TOLONG
Oleh: Adinda AS.
WARSIH pagi itu sendirian dirumah. Pak Dirdjo dengan isterinya sejak kemarin bepergian ke Semarang mendatangi adiknya yang punya hajad mantu menikahkan anak gadisnya. Sedangkan mas Didiet putra sulung bu Dirdjo berangkat kuliah pagi-pagi tadi.
Warsih ikut keluarga pak Dirdjo sebagai pembantu sudah dua tahun ini. Ia terpaksa meninggalkan kota Wonosari tempat asalnya, kerja di Yogyakarta berat-beratnya orang tua ingin menyekolahkan  anak perempuan satu-satunya bisa melanjutkan sekolah setamat SMP nanti. Tidak seperti dirinya hanya sekolah sampai kelas 1 SMP putus di jalan. Senantiasa terngiang pesan almarhum suaminya yang mendambakan anak perempuan mereka satu-satunya setidak-tidaknya lulus SMU.
Belum jam sebelas siang, pekerjaan rumah yang menjadi tanggung jawab Warsih telah beres semua. Senyampang jadi ‘penguasa tunggal’ di rumah gedung besar ini, hari itu ia bisa bertindak  apa saja sesuka hatinya.
Mencoba nyetel TV di ruang tengah, baru sebentar  sudah bosan. Pindah ke teras depan berbaring tergolek di atas kursi males. Di atas meja kecil di sisinya tersedia segelas kopi panas dan sepiring makanan kecil. Sambil mendengarkan siaran radio Radio Retjo Buntung matanya terpejam-pejam dan  tak henti-hentinya mulutnya memamah-biak. Ah, memang santai dan nikmat sekali. Rasanya seperti “nyonyah besar” saja. Memang enak jadi orang kaya!
“Permisi…… Selamat siang, bu!!”
Warsih kaget, bangkit dari tidurannya. Tahu-tahu ada seorang perempuan setengah umur mendekati dirinya.
“Kalau boleh saya ingin menyampaikan, bu. Saya ingin minta tolong……” kata perempuan itu setelah dipersilakan Warsih duduk di kursi teras dekat kursi males itu. Menilik cara berpakaian  perempuan sebaya bu Dirdjo tadi menunjukan orang miskin atau serba kekurangan. Wajahnya pucat kumel, membayangkan penderitaan hidupnya yang penuh kesusahan.
“Maksud ibu mau apa?” tanya Warsih sambil menatap tas plastik yang sedang dijinjing tamunya itu.
“Saya mau menjual kain batik ini, bu……..” jelas perempuan setengah baya itu sambil mengeluarkan barang dari tas yang dibawanya.
“Wah, sekarang bapak dan ibu baru bepergian. Saya sendirian jaga rumah,” jawab Warsih. Ia mengira tamu perempuan itu seorang sales yang keluar masuk rumah menawarkan dagangannya.
“Saya memang butuh dengan ibu saja,” sahut tamunya sambil kepalanya menengok jalan di depan rumah. Warsih menduga tamu itu mengira Warsih pemilik rumah besar ini.
“Ini mau dijual berapa?” Tanya Warsih setelah kain batik itu dibuka-buka untuk sekedar berbasa-basi.
“Limapuluh ribu, bu. Kain ini masih baru!”
“Masak kain sekasar ini limapuluh ribu. Kemarin saya beli lebih halus hanya duapuluh lima ribu rupiah………”
” Kalau tidak terpaksa, sebenarnya  kain ini tidak akan saya jual. Anak saya sedang sakit di rumah sakit. Saya janda ditinggal mati suami. Saya butuh uang limapuluh ribu rupiah untuk menebus resep obat anak saya,” jelas perempuan itu sambil berkali-kali tengak-tengok jalan di depan rumah. Warsih terharu mendengar cerita tamunya itu. Nasibnya seperti saya saja, pikirnya. Terpaksa mencari mata pencaharian sendiri untuk menghidupi keluarganya karena ditinggal mati suami.
“Kalau lima puluh ribu rasanya terlalu mahal,” Warsih mencoba menawar.
“Butuh saya limapuluh ribu untuk menebus obat itu. Kalau memang ibu bisa membantu saya…….. ” jawab tamunya sambil sekali lagi menengok jalan di depan rumah. Duduknya tidak tenang.
“Kenapa kok kelihatan bingung. Ada yang ditunggu, bu?”
“Tidak……… Itu, lho ……… Tim…….. Tim……”
“Tim apa??”
“Tidak, kok ……..” jawab tamunya pelan nampak ketakutan.
Mendengar perkataan “tim” Warsih lalu teringat setiap ada siaran acara MINTA TOLONG di TV RCTI  ia bersama bu Dirdjo tentu tidak pernah melewatkan. Menghadapi ini Warsih terkejut. Di dadanya tumbuh harapan-harapan.
“Bagaimana, mau beli kain saya ini, bu? ” kata tamunya mendesak.
Warsih tidak segera menjawab. Ia segera keluar sampai pintu pagar memperhatikan kiri-kanan. Kemudian mendekati tamunya yang masih duduk di teras.
“Ya tidak kelihatan. Baru muncul satu atau dua jam nanti…….. Kalau anda jadi membeli kain ini sekarang harganya dua ratus ribu rupiah!”
“Loh, bagaimana toh ini? Belum-belum sudah naik harga empat kali lipat. ”
“Ya sudah kalau ibu memang tidak mau. Membayar dua juta saja ibu  masih untung banyak,” tamunya bergumam sambil  merapikan barang dagangannya.
Warsih ingat di setiap acara tv MINTA TOLONG setelah membeli barang yang ditawarkan, sebentar kemudian muncul seseorang yang mendekati pembeli barang tadi dan memberikan uang banyak sebagai balasan orang yang suka menolong sesamanya. “Rejeki,” demikian jelas pemberi uang tadi yang tidak lain ialah salah seorang “tim”.
“Ya, saya mau. Ditunggu sebentar,  saya ambil uangnya dulu,”  kata Warsih kemudian masuk ke dalam rumah. Uang upah kerjanya sebulan yang baru tiga hari yang lalu diberi bu Dirdjo diambilnya separohnya lalu diberikan tamunya itu.
“Terima kasih, bu. Ibu tunggu saja di depan sini. Nanti kalau tim datang bisa segera ketemu. Ya ini rejeki orang yang seneng memberi pertolongan seperti ibu ini, ”  demikian tambah tamu wanita tadi sambil pamitan pergi.
Warsih hanya mengangguk-angguk tersenyum senang. Kain batik yang baru dibelinya dua ratus ribu rupiah itu  tidak digubris lagi, barang tidak bernilai. Paling tinggi nilai senilai dua puluh ribu sudah bagus!
Warsih masih duduk di kursi teras. Di hatinya tumbuh angan-angan. Nanti kalau mendapat uang “rejeki” banyak seperti yang dilihat di tv itu seikat lembaran uang kertas limapuluh ribuan setidaknya lima juta rupiah! Wah, nanti bisa segera membelikan sebuah speda untuk Palupi anak gadisnya. Juga jam tangan yang sudah diimpi-impikan Palupi sejak ia kelas 6 SD. Utangnya kepada lik Sadiyem limaratus ribu juga bisa bisa dilunasi. Bisa beli cincin emas 5 gram untuk pengganti cincinnya yang telah dijual ketika suaminya masuk rumah sakit karena kecelakaan. Bisa membeli busana muslim yang berenda-renda indah…….. Wah, masih banyak lagi rancangan untuk membelanjakan uang lima juta rupiah itu. Dengan gambaran hal-hal yang menyenangkan tadi membuat wajah Warsih berseri. Bibirnya selalu tersenyum senang.
Belum sampai satu jam setelah itu, Didiet pulang dari kampus. Warsih segera masuk ke dalam rumah menyajikan makan siang untuk Didiet. Cepat-cepat kembali ke luar duduk dikursi teras. Terus beranjak mendekati pintu pagar, tengok kanan kiri memperhatikan jalan besar, tetapi tidak ada orang di jalan. Kembali duduk di kursi teras dengan tidak sabar. Habis makan Didiet keluar ke teras menyapa Warsih.
“Ada apa kelihatannya tergesa-gesa, mbak? Ada yang ditunggu?”
“Tidak kok mas Didiet……….”
“Nampaknya pikirannya mbak Warsih  tidak tenang. Bicaralah barangkali membutuhkan bantuanku.”
Dengan mas Didiet Warsih merasa sudah dekat seperti sikap kakak beradik saja.. maka ia terus terang menceritakan semua peristiwa tadi.
“Kelihatannya kamu ditipu orang, mbak,” ucap Didiet dengan menatap wajah Warsih yang masih menunjukkan wajah orang bahagia.
“Jam berapa kejadiannya, mbak?” tanya Didiet sambil masih meremas-remas kain batik kasar tadi.
“Dua jam, mas.” jawab Warsih mulai bingung.
“Saya mau keluar dulu. Tadi pulangnya tamu ke utara apa selatan?”
Didiet mengeluarkan speda motornya dan dikendarai ke arah yang ditunjukkan Warsih. Setengah jam kemudian Didiet sudah pulang. Ia merasa kasihan melihat Warsih yang masih duduk terlongong-longong di kursi teras.
“Bu Harto RT sebelah juga tertipu, mbak. Kemarin tetangga temanku juga ditipu model seperti itu…….” cerita Didiet. Seketika tubuh Warsih lemah lunglai. Uang dua ratus ribu rupiah separoh upah kerjanya sebulan hilang percuma.
Sorenya setelah pak lan bu Dirdjo pulang, Didiet mengadukan hal ini kepada ayahnya.
“Jaman sekarang banyak orang menipu. Kita harus lebih hati-hati,” demikian ujar pak Dirdjo selesai makan malam. Warsih yang dinasihati hanya tertunduk lesu. Air matanya tak berhenti mengalir. “Orang punya niat menolong seharusnya tanpa pamrih. Kamu mau menolong orang hanya terdorong ingin mendapat rejeki lima juta rupiah. Tontonan dalam tv itu bisa sebagai gambaran orang yang memberi pertolongan tanpa pamrih. Namun ya bisa saja diatur seperti dalam sinetron, yang sifatnya hanya sebagai hiburan untuk pemirsa. Sekarang  orang punya banyak akal untuk berbuat jahat. Mumpung banyak orang menyukai tontonan acara tv, ikut-ikutan  pura-pura berperan sebagai peraga  ”Minta Tolong”.
“Lain kali lebih berhati-hati. Uangmu yang ditipu orang tadi nanti biar diganti ibu…………”
“Kain seperti ini sepuluh ribu saja tidak laku, ” ujar  bu Dirjo sambil menggelar kain batik kasar itu dengan tertawa terkekeh.
“Terimakasih, bapak-ibu ……” jawab Warsih dengan tangisnya terisak-isak.
ooo0ooo



No comments:
Write komentar