Cerkak Bahasa Jawa "Meh Wae"
Jare tangga teparo uripe Baldi sarwa
kecukupan Ian katon harmonis. Anak-anake tansah mbangun turut marang bapa
biyunge. Dene bojone, Wina, saben dma katon gemati Ian mesra marang guru
lakine.
Nanging urip kuwi wang sinawang. Pancen
anak-anake Baldi becik unggah-ungguh Ian solah bawane. Nanging sesrawungan karo
bojone wis telung taun adhem. Sanadyan Baldi Ian bojone isih turu nunggal
dipan, nanging ora nate gepok senggol lumrahe bebojowan.
Baldi sakjane isih kepengin
ngrasaake seneng-seneng kaya wanci nganten anyar. Wina saben ditembung mestii
nampik alus kanthi wangsulan kesel. “Aku lagi kesel mas suk-sesuk wae” ujare
Wina alesan.
Bab kesel kuwi satine pancen tinemu
nalar. Wina melu cancut tali wanda golek tambah-tambah kanggo nyukupi butuh
kulawarga. Wiwitane pancen mung ciIik-cilikan dhasaran bathik ing pasar Nanging
Sithik mbaka sithik dagangane ngrembaka dadi gedhe, lan pungkasane duwe toko
bathik, nganti saben dina awake kesel ngurusi tokone.
Minangka wong lanang normal Baldi
sejatine isih pengin ngrasakake anget lan seneng-seneng. Nanging piye maneh,
wong bojone adhem-adhem wae. Sakjane tumindak nakal kaya kanca-kancane ya bisa.
Nanging Baldi kuwi tipe wong lanang
jirih Ian lugu. Wegah nglakoni barang raged kaya mangkono kuwi. “Kiiwi tumindak
ora setya. Njalari reged lan lara”, ujare Baldi. Mula sanadyan mangan ati,
Baldi pilih nrima lan pasrah.
Nanging nalika ora sengaja ketemu
Deti ing mall, sipat lan tumindake Baldi malik grembyang. Deti dudu wong liya
kanggone Baldi. Baldi nate pacaran karo Deti suwene rong taun, sakdurunge
sesambungan katresnan kuwi ajur mumur dipenggak wong tuwane Deti.
Ing cafe mall, lelorone ngudarasa
bab kahanan kulawargane. Sing siji crita bab hawa adhem. Dene sijine maneh
crita asring ditinggal lunga bojone sing tugas ing njaban pulo. Mula klop.
Tumbu oleh tutup. Theklek kecemplung kalen. Tinimbang golek aluwung balen.
Rasa tresna lawas kuwi semi maneh
Ian cepet ngrembaka. Lelorone wiwit wani nerak wewaler. Kaya-kaya lali yen
kekarone wis padha-padha duwe anak bojo. Baldi Ian Deti kanthi sesideman asring
janjian bareng ing mall Ian taman kutha.
Bener kandhane para sesepuh kae. Yen
wanci kasmaran ngene iki, bisa ngowahi sipat Ian tumindake pawongan. Sing
cethil dadi loma. Sing jirih dadi kendel. Dene sing wis sableng, tambah sansaya
gendheng. wijining dina sesambungan kuwi mlebu tlatah gendheng. “Ti, piye yen
awake dhewe nginep ing panggonan wisata pegunungan?” ujare Baldi nanting Deti.
“Aku manthuk wae, wong bojoku mulihe
sewulan pisan”, wangsulane Deti.
Dina candhake kanthi numpak mobil
lelorone lunga menyang tlatah wisata pegunungan. Baldi Ian Deti kayadene remaja
kang lagi kasmaran. Kekarone katon ngguya-ngguyu dene sedhela maneh kekarepane
arep seneng-seneng bakal kelakon.
Nanging durung suwe lumaku,
dumadakan mobile mogok. Didandani ing bengkel pranyata tetep ora bisa waras.
Jare montire, rusake abot. “Kok ora tinemu nalar ya? Wong telung ndina
kepungkur lagi wae metu saka bengkel”, ujare Baldi sajak ora percaya.
Pungkasane acara seneng-seneng kuwi
batal. Nanging dhasar wis padha gendhenge, lelorone kencan arep lunga bareng
maneh minggu ngarep. Minggu candhake Baldi Ian Deti wis sumadya lunga bareng
menyang tlatah pegunungan.
Kanthi rancag lelorone teka kutha
wisata. Mobil nuli menggok ing sawijining hotel sing panggonane rada ndhelik.
Biyasa ta, yen arep tumindak ora bener mesthi milih penginepan sing adoh saka
panggonan rame.
“mbak kula badhe nginep ten mriki
kalih dalu. Kula nginep kalih bojo kula. Wonten kamar ta” kandhane Baldi pesen
kamar sinambi goroh. Deti sing krungu omongan kuwi mung mesem tipis. Rampung
pesen kamar, lelorone mlebu kamar penginepan.
Nanging lagi wae Baldi nutup lawang
kamar, dhumadakan tangane Deti nyekeli weteng anambi sambat. “Mhuh mas,
wetengku lara banget!” sarnbate nuli ambruk ing tempat tidur. Baldi kaget, wong
maune seger waras.
“Larane kok kaya ngene! Wetengku
kaya dijojohi alu!” sambate maneh. Kanthi gemati Baldi enggal mblonyohi lenga
putih ing wetenge Deti. Nanging lara kuwi ora enggal sirna, malah sansaya
ndrawasi. Baldi keweden. Piye yen mengko ana apa-apa marang Deti?
Pungkasane wanci kuwi uga Deti
enggal digawa menyang rumah sakit, Ian sakwise kuwi nuli mulih menyang ngomah.
Seminggu candhake Deti wis waras. Nanging Deti isih penasaran bab prastawa
Minggu kepungkur, kok bisa-bisane lara dadakan? gek gek?
“Aku disanthet bojomu ya mas, ben
ora bisa seneng-seneng karo kowe” pitakone Deti.
“Ah ora kok. Wina kae ora percaya
bab-bab mistik kaya ngono kuwi”, wangsulane Baldi.
Nanging sejatine Baldi ya wiwit
mikir.
“Apa bojoku wis ngerti sasambunganku
karo Deti, nuli nyanthet Deti?’ batine goreh.
Nanging atine nuli dieyem-eyem
dhewe. Baldi ora wedi. Pisan-pisan ora arep mundur. Tresnane marang Deti wis
ora bisa dipenggak. Sapa wae ora bisa medhot sesambungan sing nerak wewaler
kuwi. Malah Baldi wis duwe krenteg arep ngrabi Deti, mbuh piye carane.
Kekarone wis ora bisa mikir bening,
duwe niyat arep lunga maneh ing luwar kota. Saminggu candhake Baldi Ian Deti
lunga menyang panggonan wisata pantai. Sakdurunge budhal Baldi wis sowan marang
dhukun sekti, kanggo namengi supaya lelungan iki bisa lancar nir ing sambekala.
Lancar mobile, uga lancar sesambungan katresnane Baldi karo Deti.
Tekan tlatah wisata kuwi Baldi
enggal golek hotel kanggo nginep. Mobil diparkir ing pelataran. Lelorone nuli
mlebu kamar. Durung suwe ing njero kamar, dumadakan Iemah sing dipidak krasa
horeg. Bumi kaya diuncal-uncalake. Hiasan ing tembok Ceblok saka canthelane.
Lampu gantung ing dhuwur kamar katon obah ora nggenah.
Wong-wong ing njaba kana padha
mbengok. “Lindhu-lindhu!!”. Pranyata ana Iindhu gedhe nrajang papan kuwi. Deti
njerit keweden. Baldi enggal nyeret Deti mlayu metu saka hotel. Sakwise Iindhu
mandheg, Baldi enggal mlebu kamar arep njupuk tas sing isih keri ing njero
kana. Tas lan barang-barang nuli dilebokake mobil. Niyate arep mulih wae. Wedi
yen bebaya kuwi teka maneh.
Nanging ing detik sabanjure,
dumadakan banyu segara kaya disokake menyang dharatan. Kabeh sing diterak banyu
nuli kintir jungkir walik. Mobile Baidi sing diseret ombak tsunami remuk kanthi
wujud sing mrihatinake. Nanging rahayune Baldi Ian Deti slamet, sanadyan mung
nganggo klambi saanane.Sakwise kabeh lerem. Baldi Ian Deti mung bisa meneng
dheleg-dheleg. Geneya kabeh iki dumadi? Apa ana sing salah tumrap uripe
saksuwene iki? Yen dipikir kanthi ati wening, uripe Baldi cetha kliru kahanan urip
reged kebak dosa.
Pungkasane Baldi Ian Deti sadhar,
Mbok menawa iki kabeh pepeling saka Gusti sing Akarya Jagad, supaya mlaku
menyang dalan padhang, dudu dalan peteng sing nglantarake menyang kahanan unip
reged kebak dosa.
“Iki minangka pratandha, dene
Sesambungan iki ora dikeparengeke. Mula awake dhewe kudu bali marang kulawarga.
Anak bojo sing wis diparingi Gusti kudu digemateni, ditresnani, Ian disetyani
saklawase”, ujare Baldi ambegan Iandhung.
Dening : Erdy Priharsono
Panjebar Semangat No.3- 18 Januari
2014
No comments:
Write komentar